Wicaksana ( bijaksana ) mujutaken tumindak ingkang linambaran raos adil, nguntungaken tiyang sanes lan tansyah nyengsemaken sinten kemawon. Sedanten tiyang ngidam-ngidamaken saget tumindak wicaksono. Awit tumindak meniko saget mahanani kuncara tumprap sinten kemawon ingkang saget ngetrepaken, kinormatan lan dados pangayomipun tiyang sanes.
Namun, sikap wicaksana meniko mboten tukul piyambak, utawi sikap turunan ingkang kita pikantuk saking lahir utawi gawan bayi ( sikap bawaan ). Nanging tuwuh lan ngrembaka lumantar pambudidaya ( kerja keras ) ingkang sambung-sinambung kita laksanaken. Salah setunggaling sebab menggah tuwuhipun sikap wicaksana meniko amargi lelampahan gesang, pait getiripun gesang dan sengkala ingkang asring kita adepi. Sekehing rubeto, kacingkrangan, kasurang-surang ing jagating pagesangan, mujutaken srana tuwuhipun rasa wicaksono. Ing mriki menapa kemawon ingkang kita adepi kita tetepaken dados pangajaran gesang ( pengalaman ). Namung pengalaman meniko kedah dipun tamping kalian danganipun penggalih ( ihklas ). Salejengipun dipun petani menapa sebabipun sahingga kita ngadepi kahanan meniko. Sebab kacilakan lan kabejan meniko mboten amargi tiyang sanes, nanging tuwuh lan menthung kita amargi tumindak kita piyambak. Yen nandur pari ya mesti panen pari. Yen nandur kadurjanan ya mesti ngunduh ukuman. Becik-ketitik ala ketara.
Naliko kita kacingkrangan ing babagan sandang lan pangan , upaminipun, kahanan meniko menawi dipun laras lan katampi kalian leganipun penggalih tartamtu bade nuwuhaken pangraos ing pundi kita saget ngraosaken kasengasarning liyan. Raos meniko ingkang njurung tuimindak wicaksana, menawi ngadepi masalah ingkang dipun alami tiyang sanes. Mboten gampil nyalahaken tiyang.
Ngudi kawicasana, meniko langkung trep lan mandes menawi kawiwitan naliko kita taksih timur. Awit naliko taksih timur ati kita, taksih langkung resik, dereng karisak dening sekehing tumindak ingkang kirang sae. Kejawi meniko, pikiran kita naliko taksih timur, langkung landep lan gampil nampi pengajaran menapa kemawon. Kados pangandikanipun tiyang pinter, ajar naliko timur kaya dening nyungging ing watu, sewalikipun ajar nalika dewasa kaya nyungging ing es. Wujud pangajaran ingkang saget kita paringaken dateng putra-putri inggih meniko sikap ngalah, nrima lan tansyah ngajeni tiyang sanes. Sikap ngalah mahanani ademing ati. Ing mriki putra-putri kita kita ajak belajar mboten gampil kemrungsung lan sabar ngadepi menapa kemawon. Sikap nrimo bakal nuwuhaken sikap ora onjo-onjo, sabar lan nrimo jumbuh kalian pakaryan ingkang dipun laksanakaken. Dene sikap ngajeni liyan, bade nuwuhaken pakerti ingkang tansyah ngormati tiyang sanes, ora gampang njangkar lan tumindak andap asor, lan mboten grusah-grusuh.
Dados menawi dipun racik, tumindak wicaksana meniko tuwuh ing kelakuan, lan tumindak kita menawi kita purun meper manah kita piyambak. Meper ( menahan ) ing babagan donyo brana, memper ing babagan hawa nafsu lan meper ing babagan kakuasaan. Ora adigang-adigung adi guna. Ing mriko gadaanipun manah ingkang njurung diri kito tumindak candolo, kita peper. Sewalikipun kita jurung supados manah tansah nrima ing pandum lan purun mengertos menggah kahananipun tiyang sanes. Ing mriki sakleresipun kandungan utawi lelandesanipun sikap wicaksana meniko.